Rabu, 13 Juli 2016

kaliwlingi - 2 wisata dalam satu tempat (istilahe buy one get one)



Oke bos, saiki aku pan cerita tentang wisata anyar sing lagi ngehitz neng derah brebes. Tempate neng desa kaliwlingi. Wisatane sebenere ana loro. Lah apa bae wasatane? Saiki tak ulas siji-siji ya bos.
Sing pertama, wisatane kuwe wisata hutan bakau atau sing luwih kerene arane hutan mangrove. Wisata kiye emang lagi akeh neng dearah lain selain brebes juga ana tapi khusus neng brebe kiye pembangunane lagi digarap guys. Neng kono tersedia trak perjalanan nggo ngileng-ngileng hutan bakau disepanjang jalan beroo. Neng kono juga wis ana kantin cilikan sing gunane yen njenengan pada ngelih ora usah bingung tinggal mampir bae neng kono beroo. Nah wisatane Cuma mbutuhna 15 ewu rupiah nggo numpak kapal bolak-balik sing dermaga maring tempat hutan mangrove.
Sing keloro, wisata pulau pasir. Bisane disebut pulau pasir pme? Kiye ceritane bos. Jadi mbiyen kuwe daerah ngkono kena rob terus akhire kelem kenang banyu lah sing esih tinggal pasir tok akhire didadikna tempat wisata neng kono bro n sist bisa photo-photo plus neng kono bsa ngerasakna suasana kaya terdampar neng pulau kecil. Ora usah kuatir bakalan angel mangan neng kono wis ana sing dagang cilik-cilikan. Biaya wisatane cukup murah 15 ewu rupiah nggo ongkos numpak perahune bolak-balik wis ps ora bisa dinego maning.hahaha.
Kyeh tak tudukna penampakan kyong apa sih wisatane cek idot.

Kiye suasana numpak prahune beroo. Asik ouh ya bisa photo-photo ana apa



  nah sing kiye penampakan pulau pasire beroo... wes kaya neng pantai tapi rada amba pantaine neng kono kya pulau tapi isine pasir tok.
Nah yen kye tempat hutan bakau beroo. Meskipun esih ana sng lgi diperbaiki tapi tempate rekomend banget nggo tempat wisata keluarga, kanca karo kakasihe lah masa karo mantane.
Wis disit ya berooo. Mbokan ana temapt sing apik maning neng brebes ngko tak explore maning lan mbokan sampeyan-sampeyan pada duwe temapt anyar monggo diexplore neng kene berooo. See yuuuu yaaa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar