Oke bos, saiki aku pan
cerita tentang wisata anyar sing lagi ngehitz neng derah brebes. Tempate neng
desa kaliwlingi. Wisatane sebenere ana loro. Lah apa bae wasatane? Saiki tak
ulas siji-siji ya bos.
Sing pertama, wisatane
kuwe wisata hutan bakau atau sing luwih kerene arane hutan mangrove. Wisata
kiye emang lagi akeh neng dearah lain selain brebes juga ana tapi khusus neng
brebe kiye pembangunane lagi digarap guys. Neng kono tersedia trak perjalanan
nggo ngileng-ngileng hutan bakau disepanjang jalan beroo. Neng kono juga wis
ana kantin cilikan sing gunane yen njenengan pada ngelih ora usah bingung
tinggal mampir bae neng kono beroo. Nah wisatane Cuma mbutuhna 15 ewu rupiah
nggo numpak kapal bolak-balik sing dermaga maring tempat hutan mangrove.
Sing keloro, wisata
pulau pasir. Bisane disebut pulau pasir pme? Kiye ceritane bos. Jadi mbiyen
kuwe daerah ngkono kena rob terus akhire kelem kenang banyu lah sing esih tinggal
pasir tok akhire didadikna tempat wisata neng kono bro n sist bisa photo-photo
plus neng kono bsa ngerasakna suasana kaya terdampar neng pulau kecil. Ora usah
kuatir bakalan angel mangan neng kono wis ana sing dagang cilik-cilikan. Biaya
wisatane cukup murah 15 ewu rupiah nggo ongkos numpak perahune bolak-balik wis
ps ora bisa dinego maning.hahaha.
Kyeh tak tudukna
penampakan kyong apa sih wisatane cek idot.
Kiye suasana numpak
prahune beroo. Asik ouh ya bisa photo-photo ana apa
nah sing kiye penampakan pulau pasire beroo...
wes kaya neng pantai tapi rada amba pantaine neng kono kya pulau tapi isine
pasir tok.
Nah yen kye tempat
hutan bakau beroo. Meskipun esih ana sng lgi diperbaiki tapi tempate rekomend
banget nggo tempat wisata keluarga, kanca karo kakasihe lah masa karo mantane.
Wis disit ya berooo.
Mbokan ana temapt sing apik maning neng brebes ngko tak explore maning lan
mbokan sampeyan-sampeyan pada duwe temapt anyar monggo diexplore neng kene
berooo. See yuuuu yaaa